Pemerintah Kecamatan Modo nindakake apel memperingati Hari Jadi Kabupaten Lamongan ke-456, dina Senin tanggal 26 Mei 2025, ing halaman Kantor Kecamatan Modo. Apel kasebut dipimpin langsung déning plt. Sekretaris Kecamatan Modo, Fakih, S.E., lan diikuti déning kabèh stakeholder kecamatan nganggo basa Jawa sajrone kegiatan.
Kegiatan iki dadi bagéan saka upaya nguri-uri budaya lokal, khususé basa Jawa, kang wis dadi jati diri masyarakat Lamongan. Lumantar apel basa Jawa iki, pemerintah kecamatan ngupaya nambah rasa tresna lan bangga marang budaya dhéwé.
Apel iki dilakokaké kanthi tertib, khidmat, lan kebak makna budaya. Para peserta padha nganggo basa Jawa sajrone komunikasi, wiwit saka sambutan, atur pituduh, nganti doa panutup. Kegiatan iki ora mung nduwé nilai historis, nanging uga nduwé peran penting njaga kabudayan daerah.
Masyarakat lan pamangku kepentingan ngarep-arep supaya kegiatan semacam iki bisa terus dilestarèkaké saben taun, dadi wujud nyata kecintaan marang budaya lan identitas Lamongan.